UNTUK MENCARI PUISI-PUISIMU CUKUP KETIK NAMAMU DI KOLOM "SEARCH" LALU "ENTER" MAKA SELURUH PUISIMU AKAN TAMPIL DI SINI

Rabu, 07 Desember 2011

LAMIS


kidung bingah saya adoh saka pangrungu...
nadyan ratri sepi tan ana reridu....
amung swara batin kang kebak pitakonan...
kang datan antuk pawangsulan...

sepi agawe rerontoning ati...
sanes margi tebihing begja kang den upadi...
ugi karana cita kang cabar den upaya...
utawi slira kang darbe sulaya...

kang den kuciwani amung....
lelamising jalmi kang luhung...
miturut kang den sawang...
lan kaperang....

wedhar pangandikan kaya manisa...
saya damel bombong lan pracaya...
pinuju ngalem adamel tentrem...
anging nyatane kadya kecuting pelem...

L.a.m.i.s ...............

Kebumen, Jawa Tengah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar